Iku dina kabeh mahluq pada susah Kena nangis tobate tanpa faidah Pada analongso ngadep nunggu dina landrat Ruh pekewuh lan tutupe lawang taubat Pada bingung weruh maring dina janji Kang wis kuma kari ngeroso awak siji Weruh maring jayane kang Maha Agung Ngeroso jember uripe wong kang kemelunggung Tanpa guna sambat-sambat aduh biyung Kabeh mahluq pada nangis nyuwun tulung Roso bujad badan apes lomah-lomah Warese wong jungkir genuk demen bungah Jero kubur uler singgat pada ngerubung Sira ijen ora bapa ora biyung Ora bojo ora anak ora putu Kari wales ala becik wis den buku Lah getune pengen urip gawe amal Badan bager rumongso kepontal-pontal Mula eling anak adam lah purwamu Asal sangka Nutfah dadine awakmu Ingkang ina ingkang jember lan uripmu Gembol kewan rupa pirang lemu-lemu Tutuk ajal sira melebu maring kubur Munkar Nakir den utus kang sifat gofur Purih dangu serta ngerungu ing jawaban Lamon bisu goda teka tan serantan Lamon goda den pukulna marang gunung Najan gede kaya ardi kang demunung Ibarat ing tanah Jawa Gunung Lawu Yekti rupa gunung ajar dadi awu Mula maring Allah kita kudu pasrah Obahmu sik imuta Amangtu bilah Wamalaikatihi, wakutubihi, warusulihi, walyaumilakiri, wabil qodari koirihi wasyarihi minallahi ta'la. فَاِنْ تَوَلَّوْ فَقُلْ حَسْبِيَ اللهُ لاَاِلٰهَ اِلَّا هُوَ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَهُوَرَبِّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ ـــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــــ Read more
No comments:
Post a Comment
Pesan
Note: only a member of this blog may post a comment.